Home Video Ramalan Jayabaya Full Versi

Ramalan Jayabaya Full Versi

99
0

Ramalan Jayabaya Full Versi

Ramalan Jayabaya atau sering disebut Jangka Jayabaya adalah ramalan dalam tradisi Jawa yang salah satunya dipercaya ditulis oleh Jayabaya, raja Kerajaan Kediri. Ramalan ini dikenal pada khususnya di kalangan masyarakat Jawa yang dilestarikan secara turun temurun oleh para pujangga

Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran — Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
Tanah Jawa kalungan wesi — Pulau Jawa berkalung besi.
Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang — Perahu berjalan di angkasa.
Kali ilang kedhunge — Sungai kehilangan mata air.
Pasar ilang kumandhang — Pasar kehilangan suara.
Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak — Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
Bumi saya suwe saya mengkeret — Bumi semakin lama semakin mengerut.
Sekilan bumi dipajeki — Sejengkal tanah dikenai pajak.
Jaran doyan mangan sambel — Kuda suka makan sambal.
Wong wadon nganggo pakeyan lanang — Orang perempuan berpakaian lelaki.
Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman — Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik.
Akeh janji ora ditetepi — Banyak janji tidak ditepati.
Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe — Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
Manungsa padha seneng nyalah — Orang-orang saling lempar kesalahan.
Ora ngendahake hukum Hyang Widhi — Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
Barang jahat diangkat-angkat — Yang jahat dijunjung-junjung.
Barang suci dibenci — Yang suci (justru) dibenci.
Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit — Banyak orang hanya mementingkan uang.
Lali kamanungsan — Lupa jati kemanusiaan.
Lali kabecikan — Lupa hikmah kebaikan.
Lali sanak lali kadang — Lupa sanak lupa saudara.
Akeh bapa lali anak — Banyak ayah lupa anak.
Akeh anak wani nglawan ibu — Banyak anak berani melawan ibu.
Nantang bapa — Menantang ayah.
Sedulur padha cidra — Saudara dan saudaratidak adil.
Akeh pangkat sing jahat lan ganjil — Banyak pejabat jahat dan ganjil
Akeh kelakuan sing ganjil — Banyak ulah-tabiat ganjil
Wong apik-apik padha kapencil — Orang yang baik justru tersisih.
Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin — Banyak orang kerja jujur justru merasa malu.
Luwih utama ngapusi — Lebih mengutamakan menipu.
Wegah nyambut gawe — Malas untuk bekerja.
Kepingin urip mewah — Inginnya hidup mewah.
Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka — Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
Wong bener thenger-thenger — Orang (yang) benar termangu-mangu.
Wong salah bungah — Orang (yang) salah gembira ria.
Wong apik ditampik-tampik — Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
Wong jahat munggah pangkat — Orang (yang) jahat naik pangkat.
Wong agung kasinggung — Orang (yang) mulia dilecehkan
Wong ala kapuja — Orang (yang) jahat dipuji-puji.
Wong wadon ilang kawirangane — perempuan hilang malu.
Wong lanang ilang kaprawirane — Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
Akeh wong lanang ora duwe bojo — Banyak laki-laki tak mau beristri.
Akeh wong wadon ora setya marang bojone — Banyak perempuan ingkar pada suami.
Akeh ibu padha ngedol anake — Banyak ibu menjual anak.
Akeh wong wadon ngedol awake — Banyak perempuan menjual diri.
Akeh wong ijol bebojo — Banyak orang gonta-ganti pasangan.
Wong wadon nunggang jaran — Perempuan menunggang kuda.
Wong lanang linggih plangki — Laki-laki naik tandu.
Randha seuang loro — Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
Prawan seaga lima — Lima perawan lima picis.
Dhudha pincang laku sembilan uang — Duda pincang laku sembilan uang.
Akeh wong ngedol ngelmu — Banyak orang berdagang ilmu.
Akeh wong ngaku-aku — Banyak orang mengaku diri.
Njabane putih njerone dhadhu — Di luar putih di dalam jingga.
Ngakune suci, nanging sucine palsu — Mengaku suci, tapi palsu belaka.
Akeh bujuk akeh lojo— Banyak tipu banyak muslihat.

#Jayabaya #RamalanJayabaya #Ramalan #Jangka #JangkaJayabaya

source

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here